Anakku wis iso moco

Anakku sekolah neng TK B,
bocahe wis pinter maca. Aku
sueneng byanget. Sakwijining
dina tak ajak blanja neng Giant,
anakku njaluk jajan minuman
ringan (softdrink).
Nek jajan neng njero iso
langsung diombe soale wis
dibayar neng kasir njero,
nanging neng bungkus jajane
ditempeli stiker "PAID" sing
artine wis dibayar dadi gak
bakal dietung maneh karo kasir
sing njaba.
Terus tempelane mau diwaca
karo anakku, trus dheweke
ngomong , "Buk, aku gak gelem
ngombe".
Aku mendelik, pikirku wong
njaluk jajan sing milih anakku
dhewe kok gak gelem ngombe.
Trus aku gomong, "Lha kenapa
Nduk ?"
Trus anakku njawab, "aku kan
pingin minuman sing manis Buk,
kenapa minuman paid kok didol
neng kene ?".

0 Response to "Anakku wis iso moco"

Post a Comment