Showing posts with label Humor jawa B. Show all posts
Showing posts with label Humor jawa B. Show all posts

Wedhi karo bojo

Mari pegatan muntiyadi terus
rujukan maneh karo romlah.
Masalahe muntiyadi cinta pol
karo romlah.
Kapanane ndek kesatuanne
muntiyadi, tentara diperintah
baris.
Tapi komandan njaluk barisanne
dibagi loro.
Barisan sing pertama tentara
sing wedi karo bojone.
Barisan sing kedua tentara sing
gak wedi karo bojone.
Pas komandan ngecek barisan.
Barisan sing pertama akeh pol …
Barisan sing kedua cuman siji yo
muntiyadi
Komandanne takok nang
muntiyadi :
Opo’o peno kok gak wedi karo
bojo.
“ Lho aku iki ndek barisan
kedua, dikongkon karo
bojoku ” Jare muntiyadi.

Nostalgia

Pas wayahe bulan purnama,
Muntiyadi ngejak Romlah
ngelencer nostalgia numpak
bronpit.
Mari ngono, arek loro iku tekan
mburine pabrik paku.
"Dik, yok opo lek awake dhewe
mbaleni lakon limang tau
kepungkur pas pacaran biyen ?"
jare Muntiyadi.
"Iyo cak, setuju." jare Romlah.
Mari ngono, Romlah
dilungguhno ndhik pager wesi
mburine pabrik paku iku.
Terus ambek Muntiyadi, Romlah
dijak indehoi koyok jamane pas
pacaran biyen.
Moro-moro, Romlah lunjak-
lunjak ambek awake horeg
kabeh.
Ndelok bojone giras ngono,
Muntiyadi tambah semuangat.
Wis oleh rong ronde, akhire arek
loro iku nggeblak ceblok ndhik
suket.
"Waduh dik, awakmu kok cik
girase " jare Muntiyadi.
"Iyo cak, limang taun
kepungkur, pager wesine gak
onok setrume. ."

Semongko di racun

Bunali lagi pusing soale kebon
semongkone ben bengi dijarahi
wong, padahal lagi wayahe
panen.
Wis diakali macem-macem sik
pancet ae akeh sing ilang.
Jarene wong sing nyolong iku
Wonokairun, tapi Bunali gak
wani nangkep.
Akhire Bunali nemokno cara cik
malinge kapok.
Sore-sore sak durunge mulih,
Bunali masang papan
peringatan sing onok tulisane
ngene, "Awas !!! Ati-ati lek arep
nyolong. Salah siji semongkoku
iki wis tak suntik racun"
Mari ngitung semongkone sing
mateng, kabeh onok limolas,
Bunali mulih.
Sisuke Bunali nyambangi kebone
maneh, pas di ijir semongkone
sik pancet limolas.
"Wah tibake malinge gocik, tak
bujuki ambek pengumuman ae
wis wedhi " pikire Bunali.
Mari ngono Bunali ndhelok
papan pengumumane ambruk,
wah paling ketiup angin, pikire
Bunali maneh.
Pas diwalik, tibake papan
pengumumane ditambahi
tulisan ambek malinge,
"Awas !!! saiki onok loro".

Angon wedhus

Bunali pethuk Wonokairun lagi
angon wedhus.
"Mbah, waduh wedhus
sampeyan akeh yo ?" jare Bunali
"Yo lumayan " jare si Mbah
"Pira kabehe, Mbah ?" takon
Bunali maneh
"Sing putih opo sing ireng ?"
"Sing putih, wis"
"Selawe"'
"Wik, cik akehe. Lha sing ireng?'"
"Podho..." jare Wonokairun
ambek ngarit suket
Bunali takon maneh.
"Mangan sukete yo akeh pisan,
Mbah.."
"Yo.."
"Pirang kilo mangane sakdino ?"
"Sing putih opo sing ireng ?"
'Sing ireng, wis'
"Yo kiro-kiro limang kiloan"
"Lha sing putih?"
"Podho . . ."
Bunali bingung, laopo lek
ditakoni kok kudu mbedakno
sing putih tah ireng, wong
jawabane yo podho ae.
"Mbah, opoko lek tak takoni
perkara wedusmu, sampeyan
mesti leren takon sing putih tah
sing ireng barang. Padahal
masiyo putih utawa ireng,
jawabanmu podho terus.
Sakjane ngono onok opo?"
"Ngene lho, sing putih iku
wehusku..."
"Lha sing ireng ?"
"Podho . . ."

Nyumet mercon

Kentir pethuk ambek konco
lawase sing jenenge Kentus.
Pas ketemu arek loro iku podho
kagete mergo Kentir ambek
Kentus podho-podho
sirae petal, raine gosong ambek
untune yo podho bogange.
Arek loro iku takok takokan
opoko kok isok podho bocele.
Kentir cerito lek raine rusak,
sirae petal, ambek untune
ngowos mergo melok
nyemprot kobongan ambek
mangap.
"Pas aku mangap dhadhak onok
elpiji mbledhos" jare Kentir.
Mari ngono Kentir takok nang
Kentus opoko kok sirae petal.
"Mari teraweh aku nyumet
mercon ambek rokok. Mari tak
sumet, mercone tak
sawatno wong dhodhol soto
terus ndhelik ambek ngisep
rokok.
Dhadhak wonge ngerti, aku
diuber terus sirahku digepuki
pikulane soto" jare Kentus.
"Lha lek raimu opoko kok
gosong" takok Kentir maneh.
"Mari sirahku waras, aku
merconan maneh. Mari tak
sumet ambek rokok,
mercone tak sawatno wong
dhodhol bakso terus dhelik
maneh ambek ngisep
rokok. Dhadhak aku ketemon
maneh, aku diuber mari ngono
diguyang dhudhuhe bakso" jare
Kentus.
"Wok nemen kon iku, ngono yo
gak kapok. Lha lek untumu
opoko kok guwung
kabeh ?" takok Kentir maneh.
"Oo lek iki seje ceritone. Pas
katene nyumet mercon dhadhak
onok arek pacaran liwat"
"Kapok kon, mulakno tah ojok
seneng nginceng. Paling kon
digibheng ambek
sing lanang " jare Kentir
kemeruh.
"Gak ngono ceritone . ." jare
Kentus.
"Opoko lho . .?" takok Kentir.
"Aku lali . . . Rokokku sing tak
sawatno. . ."

Numpak taksi

Muntiyadi mari mulih jogo kiro-
kiro jam rolas bengi.
Embong wis suepi, gak onok
bemo sing lewat, ojek yo gak
onok.
Muntiyadi malih merinding disko
opo maneh ketepakan saiki
malem Jum'at kliwon.
Mari ngenteni sui, akhire onok
taksi liwat, waduh lumayan
pikire.
Mari mlebu taksi lungguh ndhik
mburi, Muntiyadi terus ngandani
supir taksine njaluk diterno
mulih nang Wiyung.
Mergo kekeselen, gak sui
Muntiyadi langsung keturon
pules.
Pas enak-enak turu, Muntiyadi
moro-moro keroso taksine kok
tambah alon.
Bareng didelok dhadhak supir
taksine wis gak onok, tibake
montore mlaku dhewe.
Muntiyadi tambah gemeter pas
ndhelok tibake taksine lagi
ngeliwati kuburan.
Mergo gak kuat nahan wedhi,
Mutiyadi bengok-bengok ambek
kepuyuh-puyuh
"Tolong !!. . .tolong !!".
Moro-moro seko jendelone taksi,
onok endhase supir taksi
njengongok.
Muntiyadi tambah pucet gak
karuan, tibake supir taksine
ngomong ngene.
"Hee cak . .ojok turu
ae . .Ewangono nyurung,
montore mogok iki lho. ."

Bajak laut

Muntiyadi pethuk ambek Gempil
koncone sing dines ndhik
angkatan darat.
Tibake Gempil iku saiki sikile
sing kiwo yo dingklang pisan,
ambek tangane
sing tengen tibake yo tughel
digenti cathoke bakul beras.
Sing luwih nemen maneh,
motone gempil kari sing kiwo.
Moto sing tengen
wis cumplung ditutupi kain
ireng malih koyok bajak laut.
"Lho Mun, sikilmu opoko ? "
takok Gempil.
Mari ngono Muntiyadi cerito
pengalamane kijolan sikile wong
wedhok.
"Lha awakmu opoko kok mreteli
pisan ?" Muntiyadi genti takok
nang Gempil .
"Pas aku patroli nang Aceh,
sikilku ngincak granat, langsung
puthul. Pas
iku onoke sikile sapi, berhubung
aku gak gelem, akhire yo ngene
sikilku
dhadhi mek sithok".
"Waduh cik apese nasipmu, lha
tanganmu opoko kok digenti
cathoke beras ?"
takok Muntiyadi maneh.
"Mari sikilku tughel iku mau, aku
dirawat ndhik barak. Moro-moro
barakku
dibom ambek mungsuh, kenek
tanganku, langsung tughel.
Pas iku onoke cathoke beras,
timbangane gak onok blas,
akhire aku gelem. "
jarene Gempil maneh.
"Wah kayal thok kon iku, lha
motomu opoko kok cumplung
pisan ? Kelilipen
granat tah ?" takok Muntiyadi
maneh.
"Oo iku seje ceritone. Enak-enak
cangkruk nyeritakno
pengalamanku iku
mau, moro-moro onok manuk
nembeleki mripatku ". jare
Gempil.
"Wah kon iku tambah ngawur
thok ae, lha mosok ditembeleki
manuk isok
motone cumplung". Muntiyadi
mulai gak percoyo.
"Lho iku dhudhuk mergo
tembelek manuk" jare Gempil.
"Lho opoko ?" takok Muntiyadi.
"Iku pas dino pertama aku
nggawe cathok beras".

Kepiting di giring

Romlah njaluk ditukokno
kepiting gawe buko.
"Yo wis tak tukokno nang rolak"
jare Muntiyadi.
"Lho gak numpak bronpit tah ?"
takok Romlah.
"Gak wis, cik gak amis. Tak
nyegat bemo ae" jare Muntiyadi.
Mari ngono Muntiyadi budhal
nyegat bemo.
Dhadhak ndhik bemo Muntiyadi
pethuk ambek bekas pacare
biyen, jenenge Sablah.
"Lho cak Mun, kate nang endhi
peno cak ?" takok Sablah.
"Kate nglencer golek angin . ."
jare Muntiyadi.
"Sakjane aku kate kulak kain,
tapi wurung ae wis, tak melok
peno ae" jare Sablah ngalem.
Mari ngono arek loro iku
ngelencer nang musium Kapal
Selam
Ndhik kono lak isis tah, dhadhi
gak keroso moro-moro wis sore.
"Waduh blaen iki, aku kudhu
mulih, wis yo ." jare Muntiyadi.
Mari pamitan, Muntiyadi mampir
nang rolak tuku kepiting diadhai
kresek.
Mergo gopoh kabeh, pas katene
mlebu pekarangan dhadhak
kreseke jebol, kepitinge buyar
kabeh.
Ambek nggurak kepitinge,
Muntiyadi bengok-bengok "Ayo
cepetan sithik . .wis meh tekan
iki "
Krungu bojone bengok-bengok,
Romlah ambek muring-muring.
"Cak . .cak, cik guobloke se
sampeyan iku. Lha mosok
kepiting digiring padhakno
bebek ae. Mulakno kok sui. . .".

Wanita besi

Sutaji gupuh kabeh marani
kantor pulisi katene lapuran.
"Waduh Pak Pulisi, aku sik tas ae
dinunuti Margaret Tatcher " jare
Sutaji.
"Sampeyan ojok macem-macem
lek lapuran . " jare pulisine gak
percoyo.
"Saestu Pak, asli aku gak mbujuk
". jare Sutaji.
"Lek ngono lapuran sing lengkap
alon-alon. Sampeyan pethuk
Margaret iku nang
ndhi ?" takok pulisine.
"Ngene lho ceritone Pak. Pas aku
ngirim barang arep mlebu tol
Waru,
moro-moro onok bule tuwek
awe-awe njaluk nunut.
Bareng wis munggah, aku
kuaget tibake wong bule iku
Margaret Tatcher. " jare
Sutaji.
"Lho kok sampeyan yakin lek iku
asli Margaret Tatcher ?" takok
Polisine.
"Aku yakine iku pas ngisi solar,
dhe'e iku titip njaluk tukokno
Mesran
Super, jarene ngelak. Lha sisane
iku ditetesno mripate, jarene
mripate perih
" jare Sutaji.
"Opoko ceritone kok dhe'e
sampek isok nunut awakmu ?"
takok pulisine maneh.
"Ceritone iku, dhe'e lagi
melancong nang Suroboyo, lha
pas sampek Demak
dhadhak moro-moro dhe'e
diuber-uber wong akeh, onok
tukang rombeng, onok
juragan besitua. Kabeh iku
nggowok timbangan dhewe-
dhewe kepingin ngiloni
dhe'e. Mergo wedhi, akhire
dhe'e mlayu mbalik nang hotel.
Pas arep tekan
hotel, dhadhak dhe'e pethuk
ambek wong Timbang Badan.
Begitu ndhelok
timbangan, Margaret tambah
pucet kewedhen, terus mlayu
maneh sampek akhire
pethukan ambek aku njaluk
nunut. Pas tak takoni arep nang
endhi, jarene
sembarang pokoke sing aman.
Akhire yo tak jak ngirim barang.
Lha saiki iku
aku arep lapuran ndhik
sampeyan lek Margaret iku
ngilang maneh. Aku wedhi
lek disalahno." jare Sutaji.
"Lho kapan dhe'e ngilang
maneh ? " takok pulisine.
"Pas praotoku tak enggokno
jembatan timbang ".

Sayembara juragan tambak

Onok juragan tambak jenenge
Sablah ngadakno sayembara.
"Sopo ae sing wani njegur nang
tambakku, bakal oleh hadiah
Sepeda Montor."
jare Sablah.
Akeh wong sing ngumpul
ndhelok sayembarane, tapi gak
onok sing wani njegur
nang tambak.
Masalae tambake isine dhudhuk
iwak tapi boyo, nyambik, bajul
lan sak
panunggalane.
Mergo gak onok sing wani
njegur, hadiae digenti dhadhi
montor kijang anyar.
Tapi tetep ae gak onok sing
wani njegur mergo merinding
ndhelok boyone
guedhe-guedhe mangap kabeh.
Akhire ambek Sabalah hadiae
ditambah maneh, montor kijang
anyar ambek omah
sak isine.
Tapi tetep ae gak onok sing
wani njegur. Mari sepi meneng
kuabeh,
moro-moro Muntiyadi njegur
nang tambak.
Penontone keplok-keplok kabeh
ndhelok Muntiyadi gelut ambek
boyo.
Kiro-kiro wis sak jam, akhire
Muntiyadi tampil sebagai
pemenang.
Cumak yo ngono, awake
dhedhel kuabeh.
Wis mari ambekan, Sablah
marani arep nyerahno hadiae,
tapi Muntiyadi nolak.
"Yo wis tak tambahi dhuwik
limangatus juta" jare Sablah,
tapi Muntiyadi tetep nolak.
"Tak tambahi mas-masan sak
kilo" jare Sablah maneh,
Muntiyadi tetep gak gelem.
"Wis ngene ae, awakmu njaluk
opo ae, tak turuti" jare Sablah
gak gelem kalah.
"Aku njaluk arek sing
njungkrakno aku mau digowo
rene" jare Muntiyadi.