Numpak taksi
Muntiyadi mari mulih jogo kiro-
kiro jam rolas bengi.
Embong wis suepi, gak onok
bemo sing lewat, ojek yo gak
onok.
Muntiyadi malih merinding disko
opo maneh ketepakan saiki
malem Jum'at kliwon.
Mari ngenteni sui, akhire onok
taksi liwat, waduh lumayan
pikire.
Mari mlebu taksi lungguh ndhik
mburi, Muntiyadi terus ngandani
supir taksine njaluk diterno
mulih nang Wiyung.
Mergo kekeselen, gak sui
Muntiyadi langsung keturon
pules.
Pas enak-enak turu, Muntiyadi
moro-moro keroso taksine kok
tambah alon.
Bareng didelok dhadhak supir
taksine wis gak onok, tibake
montore mlaku dhewe.
Muntiyadi tambah gemeter pas
ndhelok tibake taksine lagi
ngeliwati kuburan.
Mergo gak kuat nahan wedhi,
Mutiyadi bengok-bengok ambek
kepuyuh-puyuh
"Tolong !!. . .tolong !!".
Moro-moro seko jendelone taksi,
onok endhase supir taksi
njengongok.
Muntiyadi tambah pucet gak
karuan, tibake supir taksine
ngomong ngene.
"Hee cak . .ojok turu
ae . .Ewangono nyurung,
montore mogok iki lho. ."
0 Response to "Numpak taksi"
Post a Comment