Showing posts with label Humor jawa A. Show all posts
Showing posts with label Humor jawa A. Show all posts

Cewek SPG

Sore-sore onok cewek SPG teko
nawakno panci nang omahe
Wonokairun.
"Kulo nuwun. " jare cewek iku
ambek nyepot sandal.
"Oo monggo, monggo pinarak.
"jare Wonokairun.
"Nuwun sewu pak, ibu wonten
Pak ?" takok ceweke.
"Waduh bojoku gak ndhik omah
ndhuk " jare Wonokairun.
"Yen ngoten, kulo ngerantos
mawon " jare ceweke maneh.
"Lho monggo. Anggepen koyok
omah dhewe ndhuk.." jare
Wonokairun ambek ngejak
cewek iku mau mlebu ruang
tamu.
Mari ngono tamune ditinggal
ngetren dhoro. Pas Wonokairun
mulih, tibake cewek iku sing
lungguh nang ruang tamu.
Ketokane cewek iku wis kuesel
ngenteni kudhu ngamuk ae.
"Ibu teng pundhi to Pak ?" takok
cewek SPG iku.
"Bojoku lungo nang kuburan
ndhuk" jare Wonokairun.
"Jam pinten mangke kondure ?"
takok cewek iku maneh.
"Waduh gak weruh aku ndhuk.
Wis onok limolas taun durung
tau mulih."

Ketinggalan sepur

Mari nglaporno margaret
thatcher sutaji oleh tugas
maneh seko kaji Imron.
Sutaji dikongkon ngeterno
duwek rong juta gawe mbayar
utange kaji Imron.
"Pak .....duwek rong juta iki
dikekno sopo" ? Takok sutaji.
"nggone Pak Bunali ndek
Semarang" jare Pak kaji
"sopo sing ngeterno aku nang
terminal sepur" jare sutaji
maneh
"Ojo kuatir ..... gempil karo sujak
ngancani awakmu sampek
stasion sepur"
jare Pak Kaji.
Menene wong telu budal
numpak sepur jurusan
semarang.
"Sepure sek suwe rek .....ayok
ngopi karo rokokan desek rek"
jare sutaji
Akhire wong telu mau ngobrol
karo guyon cekikikan ndek
warung kopi.
Saking asyike guyon wong telu
mau gak ngerti lek sepure kate
budal
Pas suorone sepur muni banter
teett...tetttt ... arek telu mau
kuaget
Mari mbayar kopi arek telu terus
mblayu nututi sepur
Gempil karo sujak mblayune
luwih cepet dadi sik isok
mencolot mlebu nang
sepur
Sutaji ketinggalan ndek mburi ...
akhire gak nutut .. wis ..
ketinggalan
Gak suwe sutaji terus ngguyu
kuekel ..... ha ..ha ..ha ...
Wong sing ndelok ..sutaji ... ono
sing sakno .. ono sing bingung ...
ono
sing ngiro arek gendeng
Satpame ndelok sutaji koyok
ngono gak mentolo .. dipikir
saking sedihe
terus dilampiasno ngguyu
"hei .. kon iku ketinggalan sepur
kok malah ngguyu kekel opo' o?
jare
satpame
Sing kate lungo iku sakjane
aku .... Sing numpak sepur kok
malah sing
ngeterno aku ...

Mantan supir

Mari jogo bengi Muntiyadi mulih
numpak taksi.
Timbangane sepi, Muntiyadi
njawil supir taksine kate ngejak
ngobrol.
Pas dijawil dhadhak supir
taksine kuaget setengah mati.
Saking kuagete, sikile langsung
mancal gas, montore langsung
mencelat katene nyosop
warung.
Untunge, supire sik sempet
ngincak rem, gak sidho nubruk.
Muntiyadi ambek supire podho
pucete gak isok ambekan.
Pas wis tenang, Muntiyadi njaluk
sepuro ambek takon nang
supire opoko dijawil ae kok
kuaget.
Jare supire "Ngene lho cak, aku
sik tas pertama kali iki nyupir
taksi, lha sampeyan iku yo
penumpangku sing pertama
pisan."
Muntiyadi bingung "Lho mbiyen
sampeyan kerjone opo, kok isok
sampek kagetan koyok ngene ?"
"Aku mbiyen yo nyupir pisan"
jare supir taksine.
"Supir praoto tah ?" takok
Muntiyadi.
"Supir montor jenasah . ."

Ndlahom gak iso renang

Muntiyadi bingung nggoleki
bojone. Mari munyer-munyer
sepedaan, akhire ketemu.
Muntiyadi kuaget, tibake Romlah
lagi ndhodhok ndhik tengah
lapangan, waduh sempel wong
iki pikire.
Seko pinggir embong Muntiyadi
mbengoki bojone.
"Ooooiii !!! Laopo kon ndhik
kono dik" jare Muntiyadi ambek
bengok-bengok.
"Lho sampeyan gak kethok tah,
aku lagi numpak perahu nang
tengah segoro" jare Romlah.
"Waduh dik, mulakno wong
ngarani awakmu ndlahom,
wong kelakuanmu pancene
koyok ngono. Ayok ndhang
mulih, ojok ngisin-ngisini aku"
jare Muntiyadi emosi.
"Gak gelem aku cak, wong aku
lagi enak-enak golek iwak " jare
Romlah.
"Mulih tah gak !!!" jare Muntiyadi
muntap.
"Gak gelem!! " jare Romlah.
"Tak gibheng lho yo !!!" jare
Muntiyadi.
"Rinio lho lek wani !!" jare
Romlah.
"Oo... saking ae aku gak isok
renang".

Cukimai

Sepur klutuk Tirtonadi jurusan
Wonogiri - Jakarta lagi wae
ninggalke kuto Wonogiri.
Gunung Gandul isih ketoro wah
sedih banget Paino ninggalake
deso kecamatan Pracimantoro
daerah kering sering paceklik,
kurang mangan lan penduduke
miskin banget.
Neng sepur Paino ketemu gadis
lencir kuning Pingkan asal
Manado. Dasar Paino cah ndeso
durung kenal karo Gadis Manado
pura-2 sok akrab. Karo kipas-2
nganggo kipas nyam-2-an
Pingkan ngeluh :
"Cukimai, panas sekali hari ini ....
mau kemarau kali ya ?"
Dasar si Paino sok tahu melu-2
nimbrung karo kipasan koran :
"Saya juga cukimai... bener mau
kemarau !" omonge kalem karo
mesem.
(Cukimai: semacam pisuhan
koyo istilah jancuk).

Cirine wong teko entute

o Wong sing ORA JUJUR
Wong sing nek ngentut terus
nyalahke wong liyo.
o Wong GOBLOG
Wong sing ngempet ngentut
sampai jam-2-an.
o Wong sing JEMBAR
WAWASAN'E
Wong sing ngerti kapan kudu
ngentut.
o Wong sing SENGSORO
Wong sing pengin banget
ngentut ning ora iso ngentut.
o Wong sing MISTERIUS
Wong sing nek ngentut wong
liyo ora ono sing ngerti.
o Wong sing GUGUPAN
Wong sing ujug-2 nyetop entute
nek pas lagi ngentut.
o Wong sing PERCOYO DIRI (PD)
Wong sing ngiro nek entute
dhewe ambune mesti wangi.
o Wong sing KEJEM (SADIS)
Wong sing nek ngentut terus
dikibasno nang koncone.
o Wong sing ISINAN
Wong sing nek ngentut terus
ke'isinan dhewe.
o Wong sing STRATEGIS
Wong sing nek ngentut ning
ngarep'e wong lio iso nylamurke
entut'e nganti wong lio ora
kepikiran maneh.
o Wong sing BODHO
Wong sing nek bar ngentut
terus ambegan njero-2 dienggo
ngganti entute sing metu.
o Wong sing GEMI
Wong sing nek ngentut metune
diatur sethithik-2.
o Wong sing SOMBONG
Wong sing seneng ngambu
entute dhewe.
o Wong sing RAMAH
Wong sing seneng ngambu
entute wong liyo.
o Wong sing ORA RAMAH
Wong sing nek ngentut malah
mendhelik lan ngamuk-2.
o Wong sing KE-KANAK-2-AN
Wong sing senenge ngentut
nang njero banyu ben iso
ngematno munine blekuthuk-2.
o Wong sing ATLETIS
Wong sing nek ngentut karo
ngeden.
o Wong JUJUR
Wong sing ngakoni nek awak'e
bar ngentut.
o Wong PINTER
Wong sing iso niteni ambune
entut wong lione.
o Wong SIAL
Wong sing dientuti terus karo
wong lio.
o Wong sing KURANG KONTROL
DIRI
Wong sing nek ngentut mesthi
katutan ampase.
o Wong sing ORA IKHLAS
Nggak mambu entute dewe
wong liya sing mambu muring-
2.
o Wong sing GEMI
Wong sing menowo ngentut
metune swara entut di-endat-2
dadi ping 7.
o Wong sing SOK AMAL
Wong sing menowo ngentut
metune dibrolno sak ampase.
o Wong RA NGGENAH
Angger ngentut silite ditempeli
terompet ben samsaya banter
swarane.
o Wong RA UMUM
Yen ngentut dilagokake.
o Wong PENSIUNAN PRAJURIT
Yen ngentut di-penggak-2
kareben swarane kadya unining
bedil.
o Wong RA SABARAN
Wis ngueden methuthut ra muni
entute malah bole sing metu.
o Wong SOLO / YOGYA (mohon
maaf untuk yang sering ke
Solo !)
Entute aluun banget dawa lan
sajak ndandang gulo.
o Wong RADUWE GAWEAN
Ndiskusekake soal entut (kayata
sing maca).
Tambahan :
Wong GENDHENG : Wong sing
ngamati ciri-2-ne wong liya saka
carane ngentut !.

Jawa jepang

Kisah ini terjadi didaerah
Purwokerto dimana bahasa
Jawa disana menggunakan
bahasa Jawa dengan dialek
tertentu... banyumasan...
A : "Kamu bisa bahasa Jepang?"
B : "Bisa dong"
A : "Bagero artinya apa ... ??"
B : "Bagi loro"
A : "Kombangwa"
B : "Kompal kampil barange
dawa..."
A : "Soredewa"
B : "Ngisore gede dawa..."

Umurku piro

Mat Penceng umure wis atene
45 taun. Awake sik gagah otote
dempal, cumak sayange dapure
mulai kisut ireng kabeh.
Pas ulang taunan sing 45, Mat
Penceng kepingin kethok enom
maneh.
Akhire Mat Penceng nekat
mecah celengan bojone digawe
ongkos operasi plastik.
Tibake gak rugi mecah celengan,
soale dapure Mat Penceng saiki
malih resik, putih lan ketok
enom maneh. Mat Penceng
bungah atine, ben ketemu wong
wedhok dikongkon mbedhek
piro umure.
Pertama pas nang pasar atom
onok ibu-ibu tuku kain.
"Ning, ayo bedhe'en piro
umurku ?" takok Mat Penceng
ambek mesam-mesem.
"Paling sik selawe . . ." jare ibu-
ibu iku ambek ngematno dapure
Mat Penceng.
"Salah Ning, umurku sakjane wis
45" jare Mat Penceng bangga.
Ibu-ibu iku gak percoyo, akhire
Mat Penceng ngetokno KTPne.
Mari ngono Mat Penceng
ngenteni buyarane arek SMA.
Pas onok cewek-cewek liwat,
Mat Penceng mbedhe'i maneh
nang arek-arek iku piro umure.
Onok sing mbedhek 25, 28, 24,
paling banter onok sing
mbedhek 31 taun. Gak onok sing
isok titis mbedhek 45. Bareng
dikandani lek umure iku 45 gak
onok sing percoyo, bareng
didhudhuhno KTPne dhadhak
semburat kuabeh.
Mat Penceng malih tambah
bangga mergo dapure tambah
ngguanteng. Pokoke ben pethuk
wong wedhok mesti dibedhe'i
umure, tapi gak onok sing
bener.
Pas dulin nang Delta Plasa, Mat
Penceng antri pesen mangan
nang McDonald. Bareng oleh
giliran, Mat Penceng ditakoni
pelayane arep pesen opo.
"Sik mbak, sak durunge aku
pesen, ayo bedhe'en piro se
umurku?" jare Mat Penceng.
"Kiro-kiro 27 mas" jare
pelayane.
"Salah mbak, umurku 45" jare
Mat Penceng.
Mari lego nggarai, akhire Mat
Penceng pesen panganan.
Lha pas arep mulih, nang
parkiran Mat Penceng pethuk
ambek nenek-nenek arep mlebu
montor.
Mergo durung tau mbedhe'i
wong tuwek, akhire Mat
Penceng nekat nguber terus
takok.
"Sepurane yo mbah uti, aku
kepuingin mbedhe'i sampeyan
kiro-kiro piro umurku mbah?"
jare Mat Penceng.
"Ngger putuku, ojoko kiro-kiro,
masio aku wis tuwek elek koyok
ngene, aku isok mbedhek persis
piro umurmu." jare simbah mau.
"Iyo tah, piro se umurku?" takok
Mat Penceng penasaran.
"Wah tapi onok sarate" jare
simbah mau.
"Opo sarate mbah ?" Mat
Penceng tambah penasaran.
"Sarate iku, awakmu kudhu
culno klambimu kabeh sak
kampese pisan wudho blejet,
terus mlayu muteri parkiran iki
limang putaran. Lek wis mari,
lagek aku isok mbedhek
umurmu." jare simbah iku mau.
Mat Penceng ngengkel cik
angele sarate, tapi simbahe
ngotot lan ngancam lek gak
gelem yo wis ditinggal mulih.
Mergo penasaran lagek onok
wong sithok iki sing ngaku isok
mbedhek umure, akhire Mat
Penceng nuruti sarate. Mari
nitipno klambi nang simbah iku,
Mat Penceng mlayu wudho
muteri parkiran montor. Lagek
oleh rong putaran, Mat Penceng
wis mbalik nang simbah iku
ambek bengok-bengok njaluk
tulung.
"Mbah, tulung mbah !!!, aku
diuber-uber satpam dikiro wong
gendeng. Ayo cepetan bedhe'en
umurku piro selak satpame
teko !!" jare Mat Penceng ambek
menggos-menggos gupuh
kabeh.
Mari nguncalno kampese Mat
Penceng, simbah iku mau
ngomong,"Le, aku weruh
umurmu iku saiki 45".
Mat Penceng kuaget sampek lali
kampesan, kok onok wong sik
isok mbedhek umure.
"Mbah, aku sik penasaran, mek
sampeyan thok sing mbedhek
umurku, opo rahasiane mbah?"
takok Mat Penceng gak sabar.
"Ngene lho Le, aku mau persis
nang mburimu pas antri nang
McDonald . . ."

Untung gak kathok'an

Pas dina minggu rina adikku
dikongkon ibu ngunduh klopo
kanggo ngawe kolak, kuwi biasa
wong pancen bocahe tomboy
jee...
Ngene undangaane ibu,
"Rin, aku undhuhno klopo
kanggo kolak mengko."
"Yooo bu mariki," jawape rina.
Sedhelo engkas rina menyang
buri saperlu menek wit klopo,
bareng tekan nduwur deweke
njeblokke klopo siji-siji{blak -
bluk ] swarane. Gaekagete
bocah lanang-lanang ing ngisore
sing lagi jagongan. Banjur cah
lanang-lanang moro kanti
ndangak, trus rina nakoni,
"Hee, kowe gelem klopo ta? opo
degan?"
Cah lanang-lanang ora jawab,
tapi tetep ndagaak karo koyok
nggumun ngono. Terus rina
malah bingung lan mudhun
mlebu omah karo takon ibune,
"Bu, cah lanang- lanang mau
nang ngisorku lapo yoo, wong
tak twani klopo emoh, tak
tawani degan yo emoh, tapi
tetep nang ngisor karo ndangak
ngono?"
"O,pancenkowe cah bodho
ngono kuwi nginceng
kathokmu, ndhuk-ndhuk!"
jawab ibuke.
Kanti roso seneng lan bungah
tenan rina ngomong marang
ibune,
"Oalah yoo SELAMET TENAN, BU
AKU MAU LALI ORA KATHOKAN
NGONO...!"
Ibune dadi tolah toleh,
"????????"

Kewan opo

Paijo karo Tukinem bede-
bedean,
Paijo : "Nem, kewan opo sing
endase koyo ulo, sikile koyo
sikile gajah, awake koyo awae
ayam tangane koyo tangane
bajul?"
Tukinem : "Kewan opo
yo.....kewan ...gak eroh wis
nyerah..."
Paijo : "Yo gak ono kewan koyo
ngono iku nem, ngono kok
dipikirno"
Tukinem : "Wah, raimu cak...cak".

Kelangan anak mergo nggae kontrasepsi

Critane iki darmaji duwe anak
sepuluh, pancen yo darmaji asal
e ndeso, ora tau mangan
bangku sekolah (gendeng be'e
bangku dipangan !!), Darmaji
karo bojo ne surpa'ah ora tau
nggawe alat kontrasepsi...!
Saben ngono yo mesti
kebobolan. Dasar yo Darmaji,
ndelok bojone njenthit, mulet,
angop, nyapu, ngepel, langsung
napsu ne nglunjak... Ghandule
njaluk dicelupno nang iku ne
Surpa'ah. Ga sadar be'e lek anak
e wis limo...!!
Akhire darmaji konsultasi nang
dokter Sukardi, tonggone
dewe..!! Darmaji ngomong nang
dokter "Pak dokter, kulo niki
duwe anak limo, tapi kulo
ndelok bojo kulo njenthit mulet,
angop, nyapu, ngepel, mesti
napsu kulo nglunjak, pingin
numpaki bojo kulo! Lha tapi pak
dokter, nanging kulo mantun
numpaki bojo kulo, bojo kulo
mesti meteng, lha piye iki
dokter ?"
Doktere ngomong "Lha
sampeyan iki ora nggawe alat
kontrasepsi tah?"
Darmaji ngomong "Opo dok?
Kontakseksi? Opo iku aku gak
eroh dok ?"
Moro dokter ngomong
"KONTRASEPSI GOBLOK!! Iku
semacam alat ngango cek
bojone sampeyan ora meteng,
koyo iki lho (dokter e ngetokno
KONDOM)"
Jarene darmaji "Wah, iyo tah
dok, tak cobak e dhisik, piro
biyayane dok ?",
Dokter e nyauti "Wis kondom e
ae sampeyan tebus, rongpuluh
ewu wae! rong minggu maneh
sampeyan mreneo maneh yo,
aku pingin ngecek sampeyan!"
"Oye, dok!" jarene darmaji.
Bareng selang rong minggu
darmaji teko nang dokter
sukardi.
"Wuaah dok pancen manjur
jarene sampeyan! anak kulo
saiki kari siji?" jarene darmaji.
Doktere kaget. Terus ngomong
"Lho anak e sampeyan koq iso
kari siji? yo opo ceritane?"
"Ngene critane dokter,
winginane pas marine dokter
maringi kulo kondol"
Jarene dokter e "kondom
goblok !"
Jarene darmaji "Oh iyo...
kondom! Lha maringono kulo
ten dalem, langsung nganclap
bojo kulo supa'ah, langsung
kulo tumpaki, lha... Mari
numpaki bojo kulo niku, kula
langsung dahar kaliyan anak
kulo sing nomer loro, telu, papat
kaliyan limo... Lha sing nomer
siji ora ono ndek omah...anak
kulo sing nomer siji tasik
sekolah. Pas mari dahar,
kondom niku kulo pangan kalian
ngombe teh. Nah... selang
limang menit weteng kulo
mules kebelet ngeseng. Pas arep
mlebu jheding, celono kaliyan
sempak kulo, kulo plorotno.
Durung sampe mlebu jheding
kulo ngentut. Lha pas ngentut,
kondom niku wau metu, terus
mlembung guueedhe sampe
pecah..dhaar..!! Nah papat-
papate anak kulo wau mrisani
kejadian mau, ngguyu-ngguyu
kekel karo nyekeli weteng
sampe nangis-nangis karo ga
kuat ambekan. Sampek-sampek
kepapat-papate anak kulo wau
mati!!".

Terjemahan lagu jowo

All out of love (Air Supply):
Katresnan kebablasan
Goodbye (Air Supply):
Minggat
Lost in love (Air Supply):
Wes ora tresno
Making love out of nothing at all
(Air Supply):
Gelo (jebule ora dibayar)
Grease (Bee Gees) :
Kinclong
How deep is your love (Bee
Gees):
Duwekmu kok jero 'men
I started a joke (Bee Gees):
Wiwit ndagel
In the morning (Bee Gees):
Isuk utuk2
Saturday night fever (Bee Gees):
Meriang ning nekat ngapel
Summertime (jazz) :
Loro Panas
Stayin' alive (Bee Gees) :
Ora iso mati
Words (Bee Gees) :
Nggedebus
More than words (Extreme) :
Nggedebus pol
Highway star (Deep Purple) :
Jago trek-trek'an
Smoke on the water (Deep
Purple) :
Umob (album 'Nggodog
Wedang')
Soldier of fortune (Deep
Purple) :
Prajurit raiso mati
Mama (Genesis) :
Mak'e
Another day in paradise (Phill
Collins) :
Suk'mben ing swargo
Againts all odds (Phill Collins):
Ongko Ganep
All night long (Lionel Richie) :
Lek-lek'an(ngebyar)
Still (Lionel Richie) :
Isih (durung entek)
Stuck on you (Lionel Richie) :
Kecanthol
Truly (Lionel Richie) :
Tenan'e
Frozen (Madonna) :
Njendel
Like a virgin (Madonna) :
Ketok'e perawan
Don't cry for me, Argentina
(Madonna) :
Ojo nangis, Sragen
Billy Jean (Michael Jackson) :
Tuku clono Levis
Black & white (Michael Jackson) :
Sebrangan dalan
Killing me softly (Roberta
Flack) :
Di-ithik-ithik sak-modar'e
Release me (Engelbert
Humperdinck) :
Cul'na aku
My way (Frank Sinatra) :
Sak-karepku
I don't like to sleep alone (Paul
Anka) :
Kelon-ana aku
Fragile (Sting) :
Bentet
Hands clean (Alanis Morissette) :
Bar Wisuh
Believe (Cher) :
Percoyo
I still believe (Brenda K Star) :
Ngengkelan
Shy guy (Diana King) :
Clingus
Wild woman (Michael Learns to
Rock) :
Morotuwo
Torn (Natallie Imbruglia) :
Suwek / dedel duel
Don't speak (No Doubt) :
Meneng'a wae
La copa de la via (Ricky Martin) :
Ayo bal-balan
Something stupid (R William &
Nicole Kidman):
nggobloki
Kiss me (Sixpence None The
Richer) :
Kismis
Viva forever (Spice Girls) :
Ketagihan wedak Viva
Uptown girl (Westlife) :
Wong wedok nggunung
Don't stop me now (Queen) :
Ojo Nggandoli
Bohemian rhapsody (Queen) :
Bu Hemi nge'Rap'
We will rock you (Queen) :
Balang2an watu
Always (Bon Jovi) :
Mesti ngono
Bed of roses (Bon Jovi) :
Peti mati
Alone (Heart) :
Ijen (album 'Kendel tenan')
Self control (Laura Branigan):
Poso
Warrior (Pat Benatar) :
Sepatu basket
The temple of the king
(Rainbow) :
Candi
Sailing (Rod Stewart) :
Iseh Eling (ora edan)
Jump (Van Halen) :
Njondil (album 'Kaget')
Almost unreal (Roxette) :
Ora umum
Black magic woman (Santana) :
Mak Lampir
Smooth (Santana) :
Lunyu (album 'Kepleset')
Always somewhere (Scorpion) :
Mblayang wae
Still loving you (Scorpion) :
Ra duwe isin
So young (The Corrs) :
Bocah SD
After all (Al Jarreau) :
Entek2an
Forever young (Alphaville) :
Awet enom
Woman in love (Barbra
Streisand) :
Suminten edan
Mandy (Barry Manilow) :
Adus
Suddenly (Billy Ocean) :
Mak-jegagik / uJUG uJUG
If (Bread) :
Yen
My heart will go on (Celine
Dion) :
Loro hepatitis
The prayer (Andrea Bocelli &
Celine Dion) :
Mbah Modin
I've never been to me
(Charlene) :
Ora pernah kenal Tomi
Hard to say I'm sorry (Chicago) :
Kisinan
Zombie (Cranberries) :
Gendruwo
Boulevard (Dan Byrd) :
Dalan gede
Lady Valentine (David Gates) :
Putri Solo
Emotion (Destiny's Child) :
Muntab
If we hold on together (Diana
Ross) :
Yen Gegandengan tangan
It's you (Dionne W & Stevie W) :
Jebul sliramu
Hotel California (Eagles) :
Losmen Kali Pepe
Big big world (Emilia) :
Donya'ne gedhe banget
In your eyes (George Benson) :
Blobok
Careless whisper (George
Michael) :
Seneng rasan2
All I am (Heatwave) :
Serakah
I don't have the heart (James
Ingram) :
Rempela thok
Just once (James Ingram) :
Sepisan wae
Beautiful girl (Jose Mari Chan) :
Cah ayu
To all the girls I loved before
(Julio Iglesias) :
Kanggo randha-randhaku
Dust in the wind (Kansas) :
Lesus nggawa bledug
Pretty boy (M2M) :
Banci
Smile again (Manhatan
Transfer) :
Ayo ngguyu (Waljinah)
Paint my love (Michael Learns to
Rock) :
Nge-cet omahe pacar
I'll be here waiting for you
(Richard Marx) :
Dak-cegat nyang kene
Become 1 (Spice Girls) :
Ilang siji
Babe (Styx) :
Maratuwa (Betawi)
Mermaid (Tatsuro Yamashita) :
Iwak ayu
Lea (Toto) :
Liyo (ora podo)
Just the way you are (Billy Joel) :
Sak-karepmu
Smoke gets in your eyes (jazz) :
Kakehan ngrokok
Long train running (Doobie W) :
Kepancal Sepur
All blues (George Benson) :
Kelunturan (biru kabeh)
O Danny boy (tradisional
Irlandia) :
Jebul'e anake Dani!
Blueberry hill (Louis Armstrong):
Gunung Pare
Another clown (Leon) :
wong DPR.

Manuke wong arab

Ono lomba sing di adakno karo
wong indonesia yoiku dowo-
dowoan manuke pesertae sing
wis paling dowo kari mung
papat.
Nomor 4 manuke dowoe 40cm
(teko Indonesia)
Nomor 3 manuke kene di gawe
dasian di buletno nang gulune
Nomor 2 manuke dowoe
sampek teko sikile, maksute
sikile kancane (kenek kanggo
nyapu jarene)
Nomor 1 kenek wong Arab
deweke gak iso teko nang
Indonesia amergo ape di
sunatno, nah wong Arab mau
mung iso ngirim surat di talekno
nang manuke sampe teko
Indonesia.(bayangno ae ngirim
surat teko Arab sampe
Indonesia trimo mung di
talekno nang barange ndahneo
dowoe. Opo gak yo wong
wedok di sunduki kabeh).

Wak barto dan kudanya

Akisah disuatu negara "bakal
hancur". Terjadi penguasaan
yang telah memakan waktu 23
tahun. Di masa emasnya si barto
melakukan jogging atau lari pagi
seperti biasa.
Pada pagi yang cerah ini di
jogging sendiri tanpa ditemani
si istri. Si barto lari
mengelilinggi tamannya yang
indah bagaikan surga.
Si barto lari terus dan pada
akhirnya dia kecapaian. Si barto
akhirnya duduk di pinggir
kolamnnya yang ada patung
kuda jantan.dan terjadilah
secuplik pembicaraan.
Kuda : "To..barto...."
Barto : "???????...." dalam hati ia
berbicara (siapa nih yang
manggil kok berani amat lagian
juga disini nggak ada orang ???)
Kuda : "To..aku ndek kene,
mlengak'o nduwur."
Barto : "Ooooo....kowe to..opo'o
kok nyeluk aku ?"
Kuda : "Gak, aku cuma pingin
njaluk tok."
Barto : "Njaluk opo?"
Kuda : "Tolong po'o to aku mene
gowokno jaran sing ijik enom,
tak kongkon ngantekno aku
soale aku wes tuwo,wes gak
kuat maneh ngadek ndek kene
terus."
Barto : "Ooooo..iyo mrene tak
gowokno."
Keesokannya barto dan istrinya
jogging, lagi-lagi setelah barto
dan istrinya capek mereka
berdua duduk di pinggiran
kolam yang ada patung kudanya
itu.
Tapi si barto ternyata lupa
dengan janjinya yang akan
membawakan kuda pengganti.
Maka si kuda ngedumel di sela-
sela si barto berbicara dengan
istrinya.
Kuda : "weiiiii!!!!....to....to...
dikongkon nggowokno jaran yo
nggowo babi."

Anakku wis iso moco

Anakku sekolah neng TK B,
bocahe wis pinter maca. Aku
sueneng byanget. Sakwijining
dina tak ajak blanja neng Giant,
anakku njaluk jajan minuman
ringan (softdrink).
Nek jajan neng njero iso
langsung diombe soale wis
dibayar neng kasir njero,
nanging neng bungkus jajane
ditempeli stiker "PAID" sing
artine wis dibayar dadi gak
bakal dietung maneh karo kasir
sing njaba.
Terus tempelane mau diwaca
karo anakku, trus dheweke
ngomong , "Buk, aku gak gelem
ngombe".
Aku mendelik, pikirku wong
njaluk jajan sing milih anakku
dhewe kok gak gelem ngombe.
Trus aku gomong, "Lha kenapa
Nduk ?"
Trus anakku njawab, "aku kan
pingin minuman sing manis Buk,
kenapa minuman paid kok didol
neng kene ?".