Mantan supir
Mari jogo bengi Muntiyadi mulih
numpak taksi.
Timbangane sepi, Muntiyadi
njawil supir taksine kate ngejak
ngobrol.
Pas dijawil dhadhak supir
taksine kuaget setengah mati.
Saking kuagete, sikile langsung
mancal gas, montore langsung
mencelat katene nyosop
warung.
Untunge, supire sik sempet
ngincak rem, gak sidho nubruk.
Muntiyadi ambek supire podho
pucete gak isok ambekan.
Pas wis tenang, Muntiyadi njaluk
sepuro ambek takon nang
supire opoko dijawil ae kok
kuaget.
Jare supire "Ngene lho cak, aku
sik tas pertama kali iki nyupir
taksi, lha sampeyan iku yo
penumpangku sing pertama
pisan."
Muntiyadi bingung "Lho mbiyen
sampeyan kerjone opo, kok isok
sampek kagetan koyok ngene ?"
"Aku mbiyen yo nyupir pisan"
jare supir taksine.
"Supir praoto tah ?" takok
Muntiyadi.
"Supir montor jenasah . ."
0 Response to "Mantan supir"
Post a Comment