Umurku piro
Mat Penceng umure wis atene
45 taun. Awake sik gagah otote
dempal, cumak sayange dapure
mulai kisut ireng kabeh.
Pas ulang taunan sing 45, Mat
Penceng kepingin kethok enom
maneh.
Akhire Mat Penceng nekat
mecah celengan bojone digawe
ongkos operasi plastik.
Tibake gak rugi mecah celengan,
soale dapure Mat Penceng saiki
malih resik, putih lan ketok
enom maneh. Mat Penceng
bungah atine, ben ketemu wong
wedhok dikongkon mbedhek
piro umure.
Pertama pas nang pasar atom
onok ibu-ibu tuku kain.
"Ning, ayo bedhe'en piro
umurku ?" takok Mat Penceng
ambek mesam-mesem.
"Paling sik selawe . . ." jare ibu-
ibu iku ambek ngematno dapure
Mat Penceng.
"Salah Ning, umurku sakjane wis
45" jare Mat Penceng bangga.
Ibu-ibu iku gak percoyo, akhire
Mat Penceng ngetokno KTPne.
Mari ngono Mat Penceng
ngenteni buyarane arek SMA.
Pas onok cewek-cewek liwat,
Mat Penceng mbedhe'i maneh
nang arek-arek iku piro umure.
Onok sing mbedhek 25, 28, 24,
paling banter onok sing
mbedhek 31 taun. Gak onok sing
isok titis mbedhek 45. Bareng
dikandani lek umure iku 45 gak
onok sing percoyo, bareng
didhudhuhno KTPne dhadhak
semburat kuabeh.
Mat Penceng malih tambah
bangga mergo dapure tambah
ngguanteng. Pokoke ben pethuk
wong wedhok mesti dibedhe'i
umure, tapi gak onok sing
bener.
Pas dulin nang Delta Plasa, Mat
Penceng antri pesen mangan
nang McDonald. Bareng oleh
giliran, Mat Penceng ditakoni
pelayane arep pesen opo.
"Sik mbak, sak durunge aku
pesen, ayo bedhe'en piro se
umurku?" jare Mat Penceng.
"Kiro-kiro 27 mas" jare
pelayane.
"Salah mbak, umurku 45" jare
Mat Penceng.
Mari lego nggarai, akhire Mat
Penceng pesen panganan.
Lha pas arep mulih, nang
parkiran Mat Penceng pethuk
ambek nenek-nenek arep mlebu
montor.
Mergo durung tau mbedhe'i
wong tuwek, akhire Mat
Penceng nekat nguber terus
takok.
"Sepurane yo mbah uti, aku
kepuingin mbedhe'i sampeyan
kiro-kiro piro umurku mbah?"
jare Mat Penceng.
"Ngger putuku, ojoko kiro-kiro,
masio aku wis tuwek elek koyok
ngene, aku isok mbedhek persis
piro umurmu." jare simbah mau.
"Iyo tah, piro se umurku?" takok
Mat Penceng penasaran.
"Wah tapi onok sarate" jare
simbah mau.
"Opo sarate mbah ?" Mat
Penceng tambah penasaran.
"Sarate iku, awakmu kudhu
culno klambimu kabeh sak
kampese pisan wudho blejet,
terus mlayu muteri parkiran iki
limang putaran. Lek wis mari,
lagek aku isok mbedhek
umurmu." jare simbah iku mau.
Mat Penceng ngengkel cik
angele sarate, tapi simbahe
ngotot lan ngancam lek gak
gelem yo wis ditinggal mulih.
Mergo penasaran lagek onok
wong sithok iki sing ngaku isok
mbedhek umure, akhire Mat
Penceng nuruti sarate. Mari
nitipno klambi nang simbah iku,
Mat Penceng mlayu wudho
muteri parkiran montor. Lagek
oleh rong putaran, Mat Penceng
wis mbalik nang simbah iku
ambek bengok-bengok njaluk
tulung.
"Mbah, tulung mbah !!!, aku
diuber-uber satpam dikiro wong
gendeng. Ayo cepetan bedhe'en
umurku piro selak satpame
teko !!" jare Mat Penceng ambek
menggos-menggos gupuh
kabeh.
Mari nguncalno kampese Mat
Penceng, simbah iku mau
ngomong,"Le, aku weruh
umurmu iku saiki 45".
Mat Penceng kuaget sampek lali
kampesan, kok onok wong sik
isok mbedhek umure.
"Mbah, aku sik penasaran, mek
sampeyan thok sing mbedhek
umurku, opo rahasiane mbah?"
takok Mat Penceng gak sabar.
"Ngene lho Le, aku mau persis
nang mburimu pas antri nang
McDonald . . ."
0 Response to "Umurku piro"
Post a Comment