Ndlahom gak iso renang
Muntiyadi bingung nggoleki
bojone. Mari munyer-munyer
sepedaan, akhire ketemu.
Muntiyadi kuaget, tibake Romlah
lagi ndhodhok ndhik tengah
lapangan, waduh sempel wong
iki pikire.
Seko pinggir embong Muntiyadi
mbengoki bojone.
"Ooooiii !!! Laopo kon ndhik
kono dik" jare Muntiyadi ambek
bengok-bengok.
"Lho sampeyan gak kethok tah,
aku lagi numpak perahu nang
tengah segoro" jare Romlah.
"Waduh dik, mulakno wong
ngarani awakmu ndlahom,
wong kelakuanmu pancene
koyok ngono. Ayok ndhang
mulih, ojok ngisin-ngisini aku"
jare Muntiyadi emosi.
"Gak gelem aku cak, wong aku
lagi enak-enak golek iwak " jare
Romlah.
"Mulih tah gak !!!" jare Muntiyadi
muntap.
"Gak gelem!! " jare Romlah.
"Tak gibheng lho yo !!!" jare
Muntiyadi.
"Rinio lho lek wani !!" jare
Romlah.
"Oo... saking ae aku gak isok
renang".
0 Response to "Ndlahom gak iso renang"
Post a Comment