Cewek SPG

Sore-sore onok cewek SPG teko
nawakno panci nang omahe
Wonokairun.
"Kulo nuwun. " jare cewek iku
ambek nyepot sandal.
"Oo monggo, monggo pinarak.
"jare Wonokairun.
"Nuwun sewu pak, ibu wonten
Pak ?" takok ceweke.
"Waduh bojoku gak ndhik omah
ndhuk " jare Wonokairun.
"Yen ngoten, kulo ngerantos
mawon " jare ceweke maneh.
"Lho monggo. Anggepen koyok
omah dhewe ndhuk.." jare
Wonokairun ambek ngejak
cewek iku mau mlebu ruang
tamu.
Mari ngono tamune ditinggal
ngetren dhoro. Pas Wonokairun
mulih, tibake cewek iku sing
lungguh nang ruang tamu.
Ketokane cewek iku wis kuesel
ngenteni kudhu ngamuk ae.
"Ibu teng pundhi to Pak ?" takok
cewek SPG iku.
"Bojoku lungo nang kuburan
ndhuk" jare Wonokairun.
"Jam pinten mangke kondure ?"
takok cewek iku maneh.
"Waduh gak weruh aku ndhuk.
Wis onok limolas taun durung
tau mulih."

0 Response to "Cewek SPG"

Post a Comment