Bajak laut

Muntiyadi pethuk ambek Gempil
koncone sing dines ndhik
angkatan darat.
Tibake Gempil iku saiki sikile
sing kiwo yo dingklang pisan,
ambek tangane
sing tengen tibake yo tughel
digenti cathoke bakul beras.
Sing luwih nemen maneh,
motone gempil kari sing kiwo.
Moto sing tengen
wis cumplung ditutupi kain
ireng malih koyok bajak laut.
"Lho Mun, sikilmu opoko ? "
takok Gempil.
Mari ngono Muntiyadi cerito
pengalamane kijolan sikile wong
wedhok.
"Lha awakmu opoko kok mreteli
pisan ?" Muntiyadi genti takok
nang Gempil .
"Pas aku patroli nang Aceh,
sikilku ngincak granat, langsung
puthul. Pas
iku onoke sikile sapi, berhubung
aku gak gelem, akhire yo ngene
sikilku
dhadhi mek sithok".
"Waduh cik apese nasipmu, lha
tanganmu opoko kok digenti
cathoke beras ?"
takok Muntiyadi maneh.
"Mari sikilku tughel iku mau, aku
dirawat ndhik barak. Moro-moro
barakku
dibom ambek mungsuh, kenek
tanganku, langsung tughel.
Pas iku onoke cathoke beras,
timbangane gak onok blas,
akhire aku gelem. "
jarene Gempil maneh.
"Wah kayal thok kon iku, lha
motomu opoko kok cumplung
pisan ? Kelilipen
granat tah ?" takok Muntiyadi
maneh.
"Oo iku seje ceritone. Enak-enak
cangkruk nyeritakno
pengalamanku iku
mau, moro-moro onok manuk
nembeleki mripatku ". jare
Gempil.
"Wah kon iku tambah ngawur
thok ae, lha mosok ditembeleki
manuk isok
motone cumplung". Muntiyadi
mulai gak percoyo.
"Lho iku dhudhuk mergo
tembelek manuk" jare Gempil.
"Lho opoko ?" takok Muntiyadi.
"Iku pas dino pertama aku
nggawe cathok beras".

0 Response to "Bajak laut"

Post a Comment