Wanita besi
Sutaji gupuh kabeh marani
kantor pulisi katene lapuran.
"Waduh Pak Pulisi, aku sik tas ae
dinunuti Margaret Tatcher " jare
Sutaji.
"Sampeyan ojok macem-macem
lek lapuran . " jare pulisine gak
percoyo.
"Saestu Pak, asli aku gak mbujuk
". jare Sutaji.
"Lek ngono lapuran sing lengkap
alon-alon. Sampeyan pethuk
Margaret iku nang
ndhi ?" takok pulisine.
"Ngene lho ceritone Pak. Pas aku
ngirim barang arep mlebu tol
Waru,
moro-moro onok bule tuwek
awe-awe njaluk nunut.
Bareng wis munggah, aku
kuaget tibake wong bule iku
Margaret Tatcher. " jare
Sutaji.
"Lho kok sampeyan yakin lek iku
asli Margaret Tatcher ?" takok
Polisine.
"Aku yakine iku pas ngisi solar,
dhe'e iku titip njaluk tukokno
Mesran
Super, jarene ngelak. Lha sisane
iku ditetesno mripate, jarene
mripate perih
" jare Sutaji.
"Opoko ceritone kok dhe'e
sampek isok nunut awakmu ?"
takok pulisine maneh.
"Ceritone iku, dhe'e lagi
melancong nang Suroboyo, lha
pas sampek Demak
dhadhak moro-moro dhe'e
diuber-uber wong akeh, onok
tukang rombeng, onok
juragan besitua. Kabeh iku
nggowok timbangan dhewe-
dhewe kepingin ngiloni
dhe'e. Mergo wedhi, akhire
dhe'e mlayu mbalik nang hotel.
Pas arep tekan
hotel, dhadhak dhe'e pethuk
ambek wong Timbang Badan.
Begitu ndhelok
timbangan, Margaret tambah
pucet kewedhen, terus mlayu
maneh sampek akhire
pethukan ambek aku njaluk
nunut. Pas tak takoni arep nang
endhi, jarene
sembarang pokoke sing aman.
Akhire yo tak jak ngirim barang.
Lha saiki iku
aku arep lapuran ndhik
sampeyan lek Margaret iku
ngilang maneh. Aku wedhi
lek disalahno." jare Sutaji.
"Lho kapan dhe'e ngilang
maneh ? " takok pulisine.
"Pas praotoku tak enggokno
jembatan timbang ".
0 Response to "Wanita besi"
Post a Comment