Angon wedhus
Bunali pethuk Wonokairun lagi
angon wedhus.
"Mbah, waduh wedhus
sampeyan akeh yo ?" jare Bunali
"Yo lumayan " jare si Mbah
"Pira kabehe, Mbah ?" takon
Bunali maneh
"Sing putih opo sing ireng ?"
"Sing putih, wis"
"Selawe"'
"Wik, cik akehe. Lha sing ireng?'"
"Podho..." jare Wonokairun
ambek ngarit suket
Bunali takon maneh.
"Mangan sukete yo akeh pisan,
Mbah.."
"Yo.."
"Pirang kilo mangane sakdino ?"
"Sing putih opo sing ireng ?"
'Sing ireng, wis'
"Yo kiro-kiro limang kiloan"
"Lha sing putih?"
"Podho . . ."
Bunali bingung, laopo lek
ditakoni kok kudu mbedakno
sing putih tah ireng, wong
jawabane yo podho ae.
"Mbah, opoko lek tak takoni
perkara wedusmu, sampeyan
mesti leren takon sing putih tah
sing ireng barang. Padahal
masiyo putih utawa ireng,
jawabanmu podho terus.
Sakjane ngono onok opo?"
"Ngene lho, sing putih iku
wehusku..."
"Lha sing ireng ?"
"Podho . . ."
0 Response to "Angon wedhus"
Post a Comment