Semongko di racun
Bunali lagi pusing soale kebon
semongkone ben bengi dijarahi
wong, padahal lagi wayahe
panen.
Wis diakali macem-macem sik
pancet ae akeh sing ilang.
Jarene wong sing nyolong iku
Wonokairun, tapi Bunali gak
wani nangkep.
Akhire Bunali nemokno cara cik
malinge kapok.
Sore-sore sak durunge mulih,
Bunali masang papan
peringatan sing onok tulisane
ngene, "Awas !!! Ati-ati lek arep
nyolong. Salah siji semongkoku
iki wis tak suntik racun"
Mari ngitung semongkone sing
mateng, kabeh onok limolas,
Bunali mulih.
Sisuke Bunali nyambangi kebone
maneh, pas di ijir semongkone
sik pancet limolas.
"Wah tibake malinge gocik, tak
bujuki ambek pengumuman ae
wis wedhi " pikire Bunali.
Mari ngono Bunali ndhelok
papan pengumumane ambruk,
wah paling ketiup angin, pikire
Bunali maneh.
Pas diwalik, tibake papan
pengumumane ditambahi
tulisan ambek malinge,
"Awas !!! saiki onok loro".
0 Response to "Semongko di racun"
Post a Comment